• Period: 200 to 300

    ABAD 2

  • 263

    Mêdhanggili

    Taksih nunggil warsa Sang Hyang Bathara Sambo jumênêng nata, jêjuluk Prabu Sri Maharaja Maldewa, kadhaton ing nagari Mêdhangprawa (pulo Sumatra), Sang Hyang Bathara Brama jumênêng nata jêjuluk Prabu Sri Maharaja Sundha, kadhaton ing nagari Mêdhanggili (tanah Bantên), inggih punika wiwitipun tanah Bantên sinêbut tanah Pasundhan. Kabêkta saking asmanipun ingkang jumênêng nata, Sang Hyang Bathara Endra jumênêng nata jêjuluk Prabu Sri Maharaja Sakra, kadhaton ing nagari Mêdhanggana (tanah Prabalingg
  • 263

    Mêdhangkamulan

    tinêngêran panca pandhita angratoni wiyat, Sang Hyang Bathara Guru adhêdhawuh dhumatêng putra 5 iji. 1. Sang Hyang Bathara Sambo, 2. Sang Hyang Bathara Brahma, 3. Sang Hyang Bathara Endra, 4. Sang Hyang Bathara Wisnu, 5. Sang Hyang Bathara Bayu, sami kadhawuhan angejawantah jumênêng nata wontên ing tanah Jawi amêncarna agaminipun piyambak-piyambak, tanah Jawi supados botên rêsah. Putra 5 sami angèstokakên
  • 269

    Sri Maharaja Sundha

    191 tinêngêran rupa anrusing bumi. Sri Maharaja Sundha (Hyang Brahma) sampun pêputra 20
    --- 14 ---
    iji, putra ingkang putri sinêbut Dèwi, nurutakên nalika Sang Hyang Wênang pêputra putri, kaparingan sasêbutan Dèwi, amila sadaya garwa tuwin putraning dewa sinêbut Dèwi. Putra ingkang miyos kakung kaparingan sasêbutan Radèn.
  • 277

    narendra 5 sami sulaya

    tinêngêran anrus babahaning gêni. Para panjênênganipun narendra 5 sami sulaya, jalaran saking para wadyabalanipun piyambak-piyambak. Ing adhusun-dhusun sami paprangan, para narendra 5 lajêng silir pranatanipun anggèning nglêrêsakên wadyabalanipun piyambak-piyambak
  • 277

    Hyang Ismaya

    ) tinêngêran tanpa samaring paningal. Putranipun Sang Hyang Ismaya (Sêmar) ingkang 9 iji sami angejawantah dhatêng tanah Jawi mindha Brahmana. 1. Hyang Wungku Am nama Brahmana Rajawedha, 2. Hyang Siwah, nama Brahmana Rajasahlika, 3. Hyang Wrahaspati, nama Brahmana Rajatristha, 4. Hyang Yamadipati nama Brahmana Graksa, 5. Hyang Surya, nama Brahmana Rajagrisma, 6. Hyang Candra, nama Brahmana Rajawalanta, 7. Hyang Kuwera, nama Brahmana Rajaima, 8. Hyang Tamburu, nama Brahmana Rajapatuk, 9. Hyang Ka
  • 277

    Enggaling cariyos

    Kawarnaa narendra 5 ingkang sami pasulayan sami angsal wangsit supados dhatêng ardi Mahendra, amargi ing ardi ngriku wontên brahmanaraja ingkang badhe nyirêp rêtuning sujanma, angangkah arjaning bumi. Para narendra 5 lajêng sami tumêdhak dhatêng ardi Mahendra. Enggaling cariyos para narendra 5 sampun pêpanggihan kalihan para brahmanaraja, para brahmanaraja lajêng angsung sasmita dhumatêng narendra 5 makatên. Badan kawisesa dening manah, manah kawisesa dening nyawa, nyawa kawisesa dening dewa. Pa
  • 278

    Brahmanaraja Bahlika jumênêng

    Nunggil taun candrasangkala 200 ( 278 M ) tinêngêran tanpa samaring paningal, Risang Brahmanaraja Bahlika jumênêng nata wontên ardi Mahendra, jêjuluk Sri Maharaja Balya, nagari winastan Mêdhangsiwanda, lajêng anggêlar agama Siwah, Sri Maharaja Balya tansah amitulungi karibêdaning titah. Para narendra [narenndra] 4 sami lingsêm. 1. Sri Maharaja Kalapati, 2. Sri Maharaja Prajapati, 3. Sri Maharaja Matsyapati, 4. Sri Maharaja Mrêggapati, ing wêkasan sarêng muksa wangsul dhatêng I
  • 293

    Sri Maharaja Surapati prang kalihan Sri Maharaja Balya.

    Taun candrasangkala 215 tinêngêran warastraning rat sinêmbah. Sri Maharaja Surapati prang kalihan Sri Maharaja Balya. Sri Maharaja Surapati yasa dêdamêl prang warni: jêmparing, tomara, dhêdhali, nanggala, sali, druwasa, trisula, candrasa, arda, candra, candra purnama, martyajiwa, limpung, tuhuk, parasu, dhuwung dhapur surèngpati tuwin dhapur curiga. Sri Maharaja Balya ugi yasa dêdamêl prang warni: gada, bindi, badhama, gêntha, krêttala, alu-alu, alugora, dhuwung dhapur jalak.
  • Period: 300 to 400

    abad 4

  • 304

    Sang Hyang Bathara Brahma

    BRAHMATaun candrasangkala 226 tinêngêran obah ngasta kalih, Sang Hyang Bathara Brahma gumanti nata ing Mêdhangsiwanda, jêjuluk Sri Maharaja Budhawaka.
    Nunggil warsa, Sri Maharaja Surapati yasa kahyangan Tejomaya.
  • 305

    Surapati yasa kahyangan

    Taun candrasangkala 227 tinêngêran pandhita paksa sinêmbah, Sri Maharaja Surapati yasa kahyangan Rineka Ngarga Dumulah,[3] Jonggringsalaka, Paparyawarna, sadaya wau saking dhawuhipun Sang Hyang Bathara Guru.
    Nunggil warsa, Sang Hyang Bathara Kala ngejawantah malih, lajêng jumênêng nata wontên ing nagari Mêdhangkamulan, dados Mêdhangkamulan kaping 2, jêjuluk Sri Maharaja Berawa. Ing wêkdal wau tanah Jawi wontên karaton 2, Mêdhangsiwanda akalihan Mêdhangkamulan kaping 2.
  • 307

    Sri Maharaja Berawa arsa ambêdhah nagari Mêdhangsiwanda

    Taun candrasangkala 230 tinêngêran tanpa latu paksa malêtik, Sri Maharaja Berawa arsa ambêdhah nagari Mêdhangsiwanda, yasa dêdamêl prang nurun ingkang sampun utawi anambahi yasa dêdamêl warni: tunggara, cingkara, sudhana, supadana, dhuwung dhapur kalamisani akalihan dhapur pulana, nunggil warsa yasa dêdamêl malih warni: kurandha, arpasa, côndhaberawa,] wiswa pracondha, kalabraja.
  • 310

    Maharaja Berawa anglurug prang

    Taun candrasangkala 232 tinêngêran sikara anaut bau. Sri Maharaja Berawa anglurug prang dhatêng nagari Mêdhangsiwanda, lajêng campuh prang, Sri Maharaja Budhawaka narendra ing Mêdhangsiwanda kasêsêr yudanipun. Lajêng oncat saking praja pindhah kadhaton dhatêng Gilingaya tanah Prayangan. Sabêdhahipun nagari Mêdhangsiwanda, Sri Maharaja Berawa kondur dhatêng nagari Mêdhangkamulan. Nagari Mêdhangsiwanda risak botên wontên ingkang jumênêng nata malih.
  • 314

    Surapati yasa kalpataru sakêmbaran

    Taun candrasangkala 236 tinêngêran oyage wedha kapêksa. Sri Maharaja Surapati yasa kalpataru sakêmbaran, winangun kajêng Dewandaru kajêng Jayandaru, lajêng kapêrnahakên wontên têngahing paparyyawarna, inggih punika wiwitipun karaton tanah Jawi mawi katanêman waringin kurung sakêmbaran
  • 330

    Berawa arsa ambêdhah ing Suralaya

    Taun candrasangkala 252 tinêngêran bujaning butakasuhhing seluman. Sri Maharaja Berawa arsa ambêdhah ing Suralaya, patih saha para êmpu sami amambêngi, ananging tanpa guna, malah sami tinundhung.Nunggil warsa, Sang Hyang Bathara Wisnu ngejawantah malih mindha brahmana, nama Brahmana Kèstu, amambêngi karsanipun Sri Maharaja Berawa, lajêng ngabên kasantikan, Sri Maharaja Berawa kalindhih.Karaton karêbat dening risang Brahmana Kèstu, sarta lajêng jumênêng nata, jêjuluk Sri Maharaja Budha Krêsna,
  • 330

    Berawa arsa ambêdhah ing SuralayaN

    Karaton karêbat dening risang Brahmana Kèstu, sarta lajêng jumênêng nata, jêjuluk Sri Maharaja Budha Krêsna, nagari santun nama Purwacarita. Sri Maharaja Berawa kadhawuhan angratoni lêlêmbat, kadhaton ing Krêndhayana, sapunika kalantur nama Krêndha Wahana, lêrêsipun salèring karaton Surakarta.
  • 339

    Budhawaka nglurug prang dhatêng nagari PurwacaritaN

    , ing têmahan gêtun kaduwunging galih, pêrang kabibarakên, lajêng kondur angadhaton sèlèh kaprabon dhumatêng putra mantu ingkang dados patihipun piyambak, nama patih Brama Kadhali. Sri Maharaja Dewabudha muksa dados dewa malih.
  • 339

    Budhawaka nglurug prang dhatêng nagari Purwacarita

    Taun candrasangkala 261 tinêngêran janma ngobahakên panêmbah. Sri Maharaja Budhawaka nglurug prang dhatêng nagari Purwacarita, kakintên ingkang dados ratu Sang Hyang Bathara Kala. Sri Maharaja Budhawaka yasa dêdamêl warni: bramastra, dhuwung dhapur tilam upih, akalihan dhuwung dhapur balebang, ingkang dhapur tilam upih kaparingan nama Jaka Piturun, ingkang dhapur balebang kaparingan nama Pamunah. Sri Maharaja Budhawaka salêbêtipun prang, uninga manawi mêngsahipun wau Sang Hyang Bathara Wisnu,
  • 340

    Brama Kadhali jumênêng nata

    Taun candrasangkala 262 tinêngêran kalih agana boja. patih Brama Kadhali jumênêng nata ing nagari Gilingaya kaping 2, jêjuluk Prabu Brama Kadhali.
  • 343

    Budha Krêsna kadhawuhan tosan adi,

    Taun candrasangkala 265 tinêngêran gatining rasa kapêksa. Sri Maharaja Budha Krêsna kadhawuhan tosan adi,
    lajêng kangge dhuwung 1. Dhuwung dhapur buntala, 2. Dhuwung dhapur urap-urap, 3. Dhuwung dhapur sêpang, 4. Dhuwung dhapur sumpana lêrês.
  • 343

    Prabu Brama Kadhali kasoran lajêng muksa

    Taksih nunggil warsa, Sri Maharaja Budha Krêsna sêling sêrêp kalihan Prabu Brama Kadhali dados prang. Prabu Brama Kadhali kasoran lajêng muksa. Sang Hyang Bathara Rudra tumurun mindha brahmana, nama Brahmana Dewa Esa, amêlèh-mêlèhakên dhatêng Sri Maharaja Budha Krêsna anggènipun prang kalihan Prabu Brahma Kadhali. Sri Maharaja Budha Krêsna ngrumaosi bilih lêpat, lajêng muksa dados dewa
  • 350

    Gilingaya kaping 3

    Taun candrasangkala 272 tinêngêran sukuning pandhita sinêmbah. Brahmana Dewa Esa jumênêng nata wontên ing nagari Gilingaya kaping 3, jêjuluk Sri Maharaja Dewa Esa.
  • 356

    Surapati yasa têtabuhan

    Taun candrasangkala 287 tinêngêran swara matênggèng karna. Sri Maharaja Surapati yasa têtabuhan surendra, kalanturipun nama gangsa raras sulendro.
  • 374

    Bathara Surya ngejawantah dhatêng tanah Jawi

    Taun candrasangkala 296 tinêngêran môngsa kasanga amanglar. Sang Hyang Bathara Surya ngejawantah dhatêng tanah Jawi amindha rêsi, nama Rêsi Radhi, angidêri wana wukir lajêng dados paguronipun tiyang kathah, sinêbut puruhita, sang Rêsi Radhi lajêng anganggit dintên 5, inggih punika: Lêgi, Pahing, Pon, Wage, Kliwon, utawi môngsa 12
  • 386

    Purwacarita kaping 2

    Taun candrasangkala 308 tinêngaran liman pêjah ing wantilan. Radèn Jaka Pakukuh akalihan rayi Jaka Puring sami putranipun Sri Maharaja Dewa Esa sami katundhung saking praja. Sakesahipun saking praja Radèn Jaka Pakukuh jumênêng nata wontên wukir Tasik, kadhaton nama Tasikmadu. Rayi minôngka patih. Samuksanipun ingkang rama, lajêng gumanti lênggahing rama, jêjuluk Sri Maharaja Kano. Nagari Purwacarita kaping 2 patihipun lastari ingkang rayi, nama patih Jaka Puring.
  • 386

    Sri Maharaja Kano lajêng anata wijang-wijangipun agama Budha

    Sri Maharaja Kano wau wiwit titisipun Sang Hyang Bathara Wisnu wontên ing tanah Jawi. Sri Maharaja Kano lajêng anata wijang-wijangipun agama Budha, kaparingan gangsa sulendro saking Suralaya. Sri Maharaja Kano lajêng amêwahi gambang tuwin kêmpul saha nganggit gêndhing agêng sêkar agêng, ambangun paramasastra, bausastra, sêkar kawi sasaminipun, ing nguni anggitanipun Sang Brahmana Srita, inggih punika Sang Hyang Bathara Panyarikan
  • 386

    yasa têtêngêripun prang

    . Lajêng yasa têtêngêripun prang 1. Kêndhang, 2. Gong, 3. Gubar, 4. Bairi,[4] 5. Puksur, 6. Gurnang, 7. Thong-thong, 8. Grit, 10. Têtêg, 10. Maguru gangsa, lajêng tinulad para narendra satanah Jawi, sabên mangkat prang sami têtêngêr kados kasbut sadaya wau.
    Kados sampun cêkap kangge pasêksèn bilih panjênênganipun para Dewa wiwit Sang Hyang Bathara Guru sapangandhap sami jumênêng Nata wontên ing tanah Jawi.
  • Period: 401 to 500

    abad 5

  • 426

    Purwacarita kaping 3

    Putranipun mantu Sri Maharaja Kano pêparab Radèn Turunan, gumanti nata kalênggahanipun mara sêpuh ing Purwacarita kaping 3, jêjuluk Prabu Kandhihawa, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 348 tinêngêran ngèsthi sucining nala.
  • 426

    Gilingwêsi 1

    Taksih nunggil warsa, Patih Jaka Puring sadhèrèkipun Sri Maharaja Kano ugi jumênêng nata wontên ing nagari Gilingwêsi, jêjuluk Prabu Hèryanarudra.
  • 449

    Mêdhangkamulan kaping 3

    Putranipun Prabu Kandhihawa ing Purwacarita, pêparab Radèn Rêspati, jumênêng nata wontên ing nagari Mêdhangkamulan kaping 3 jêjuluk Prabu Palindriya. Jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 371 tinêngêran sujanma mring ngardi brama.
  • 463

    Gilingwêsi kaping 2,

    Dèwi Sinta (Basundari) putrinipun Sang Hyang Anantaboga, jumênêng nata ing nagari Gilingwêsi kaping 2, jêjuluk Prabu Sitawaka, jujênêngipun[5] amarêngi taun candrasangkala 385 tinêngêran pandhawa ngèsthi guna.
  • 469

    Mêdhangkamulan kaping 4

    Radèn Watugunung putranipun Prabu Palindriya jumênêng nata wontên ing nagari Mêdhangkamulan kaping 4, jêjuluk Prabu Watugunung, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 391 tinêngêran sujanma kalêbèng agni.
  • 470

    nagari Mêdhanggêle

    Sang Hyang Bathara Wisnu jumênêng nata wontên ing nagari Mêdhanggêle, jêjuluk Prabu Satmata, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 392 tinêngêran tumontoning gapura tri
  • Period: 501 to Mar 23, 600

    ABAD 6

  • 508

    Bathara Brahma jumênêng nata wontên ing nagari Gilingwêsi

    Sang Hyang Bathara Brahma jumênêng nata wontên ing nagari Gilingwêsi, jêjuluk Prabu Brahmaraja. Jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 430 tinêngêran sirna tumingaling samodra
  • 508

    Mêdhenggêle kaping 2

    Taksih nunggil warsa, Sang Hyang Bathara Wisnu jumênêng nata malih wontên ing nagari Mêdhenggêle kaping 2, jêjuluk Prabu Wisnupati.
  • 529

    Gilingwêsi kaping 2

    Putranipun Prabu Brahmaraja jumênêng nata ing Gilingwêsi kaping 2, jêjuluk Prabu Brahmanaraja. Jumênêngipun amarêngi ing taun candrasangkala 451 tinêngêran sujanma lima catur
  • 529

    Purwacarita kaping 4 & WIRATHA 1

    Taksih nunggil warsa, putranipun Prabu Wisnupati kêkalih sami jumênêng nata. Ingkang sêpuh jêjuluk Prabu Sri Mahapunggung, nagari Purwacarita kaping 4, ingkang anèm jêjuluk Prabu Basurata, nagari ing Wiratha.
  • 538

    nagari Mêdhanggalungan

    Putranipun Prabu Watugunung jumênêng nata ing nagari Mêdhanggalungan, jêjuluk Prabu Sindhula (Prabu Gotaka) jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 460 tinêngêran tanpa obah ing jaladri.
  • 553

    Mêdhangkamulan kaping 5

    Putranipun Prabu Sindhula pêparab Radèn Sadewa, jumênêng nata ing nagari Mêdhangkamulan kaping 5, jêjuluk Prabu Cingkaradewa (Prabu Purwacandra), jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 475 tinêngêran buta nabda wau dadi.
  • 555

    Purwacarita kaping 5,

    Putranipun Prabu Sri Mahapunggung pêparab Radèn Wandhu, jumênêng nata ing Purwacarita kaping 5, jêjuluk Prabu Sri Mahawan, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 477 tinêngêran kaswarèng pandhita suci.
  • 556

    Gilingwêsi kaping 3

    Putranipun Prabu Brahmanaraja pêparab Radèn Tritrustha, jumênêng nata ing Gilingwêsi kaping 3, jêjuluk Prabu Bramasatapa, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 478 tinêngêran murti swaraning pakarti.
  • 566

    Wiratha kaping 2

    Putranipun Prabu Basurata pêparab Radèn Bramaneka, jumênêng nata ing Wiratha kaping 2, jêjuluk Prabu Basupati, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 488 tinêngêran basumurti dadi barakan.
  • 590

    Mêdhangkamulan kaping 6

    Brahmana Wisaka saking Indhustan sumêla jumênêng nata ing nagari Mêdhangkamulan kaping 6, jêjuluk Prabu Wisaka, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 512 tinêngêran panêmbahing janma tinata.
  • 592

    Mêdhangkamulan kaping 7

    Putranipun Prabu Sri Mahawan ingkang sêpuh pêparab Radèn Wandawa, jumênêng nata ing nagari Mêdhangkamulan kaping 7, jêjuluk Prabu Sri Wahana, jumênêngipun amarêngi taun candrasangkala 514 tinêngêran karya raja marganing muksa.
  • Period: Mar 23, 601 to Mar 23, 700

    ABAD 7

  • Period: Mar 23, 701 to Mar 23, 800

    ABAD 8